Ingkang badhe dipun andharaken ing bab punika mangke, Kawruh Pangupajiwa. Mila Kawruh Pangupajiwa punika dipun sesorahaken, paedahipun mangertos Pangupajiwa punika punapa?
Pangupajiwa punika butuhing gesang. Gesanging tiyang, mesthi butuh pangupajiwa; boten butuh, boten saged.
Jalaran, butuh pangupajiwa punika, saking wateging karep gesang, ingkang anjiyat dhateng tiyang. Karep gesang punika wonten 2 prakawis:
Karep gesang perlu lestantuning jinis, murugaken dhateng tiyang butuh cumbana. Mila, lajeng wonten lelampahan laki-rabi.
Karep gesang perlu lestantuning raga, murugaken dhateng tiyang butuh nedha. Mila lajeng wonten lelampahan pados pangupajiwa.
Dados, laki-rabi lan pangupajiwa, punika sami butuhing gesang. Mila, cilakaning pangupajiwa, punika yen carup kaliyan laki-rabi. Praboting pangupajiwa, punika pakaryan. Pakaryan punika mesthi ngawontenaken pamedal. Pamedaling pakaryan punika ingkang kangge nyekapi pangupajiwa. Mila risaking pakaryan punika wonten nggen tumanjaning pamedal.
Ingkang butuh pangupajiwa lan butuh kacekapan pangupajiwanipun, punika tiyang. Mangka, pangupajiwa punika asalipun saking wateging karep, ingkang anjiyat dhateng tiyang. Dados, pangupajiwa punika, dede sirikan, dede kuwajiban lan dede gegayuhan ingkang awrat dipun lampahi tiyang.
Wejangan Kawruh Pangupajiwa punika dipun bagi dados 3 perangan: Bab Pangupajiwa, Cilakaning Pangupajiwa, Bejaning Pangupajiwa.
I. BAB PANGUPAJIWA
Butuhing Gesang ingkang Pokok
Pangupajiwa, punika butuhing gesang ingkang pokok. Butuhing gesang ingkang pokok, punika wonten 2 prakawis:
1. Pangupajiwa
2. Laki-rabi
Butuhing gesang 2 prakawis punika saking karep gesang perlu lestantuning raga, lan karep gesang perlu lestantuning jinis. Karep gesang perlu lestantuning jinis, murugaken dhateng tiyang butuh cumbana, lajeng dados lelampahan laki-rabi. Karep gesang perlu lestantuning raga, murugaken dhateng tiyang nedha, lajeng dados lelampahan pados pangupajiwa. Mila, pangupajiwa lan laki-rabi, punika ulet-uletan.
Pangupajiwa, punika pilah kaliyan laki-rabi, sanajan asalipun sami saking karep gesang.
Yen pangupajiwa lan laki-rabi punika carup, lajeng ribed: Prakawis pangupajiwa dipun wastani prakawis laki-rabi, prakawis laki-rabi dipun wastani prakawis pangupajiwa.
Mila, lajeng wonten lelampahan, pangupajiwa kangge laki-rabi, laki-rabi kangge pangupajiwa.
Contonipun laki-rabi kangge pangupajiwa: Prawan, sampun gadhah pakaryan lan pamedaling pakaryanipun cekap kangge pangupajiwanipun piyambak, sareng prawan wau laki-rabi, lajeng kendel anggenipun makarya, jalaran dumeh ingkang jaler sampun gadhah pakaryan, ingkang kenging kangge nyekapi pangupajiwanipun. Lo, rak carup!
Contonipun pangupajiwa kangge laki-rabi: Jaka utawi prawan, sampun gadhah pakaryan lan pemedalipun tirah-tirah kangge nyekapi pangupajiwanipun, nanging anakipun tiyang tani, utawi boten wedalan sekolahan, sareng pados bojo, milih ingkang babag kawontenanipun utawi yen boten babag inggih waton langkung wasis tinimbang awakipun. Lo, rak carup!
Mila, cilakaning pangupajiwa, punika namung caruping laki-rabi kaliyan pangupajiwa. Pangupajiwa, punika perlu lestantuning raga, kados dene laki-rabi, punika perlu lestantuning jinis. Yen tiyang punika boten butuh pangupajiwa, punika mesthi wonten sababipun, inggih punika sabab kabrongot meri pambegan, utawi pados linangkung.
Yen tiyang punika boten pados linangkung utawi boten kabrongot meri pambegan, mesthi kajiyat butuh pangupajiwa, sami kaliyan tiyang butuh laki-rabi, mesthi kajiyat ngedalaken kama, jalaran saking wateging karep.
Mangka, lairing karep butuh pangupajiwa punika wonten tiyang kraos luwe, lajeng butuh nedha, sami kaliyan lairing karep butuh laki-rabi, wonten tiyang kraos butuh cumbana, lajeng ngedalaken kama. Dados, purun boten purun tiyang punika mesthi butuh pangupajiwa lan laki-rabi. Mila, kabutuhan pangupajiwa lan laki-rabi, punika mesthi kalampahanipun.
Pathokaning Pangupajiwa
Pathokaning pangupajiwa punika perlu lestantuning raga. Mangka asaling pangupajiwa punika, saking wateging karep gesang, ingkang anjiyat dhateng tiyang. Dados, butuhing gesang utawi pangupajiwa punika, mesthi kalampahan lan cekap dipun lampahi.
Pangupajiwa punika princen-princenipun wonten 3 prakawis: nedha, nyandhang, mapan.
Dados kabutuhaning nedha, nyandhang, mapan punika mesthi kalampahan lan mesthi cekap dipun lampahi.
Pathokaning pangupajiwa punika, perlu lestantuning raga, pathok kacekapan butuhipun.
Nedha, punika lairipun wonten tiyang kraos luwe. Mila, saben tiyang punika kraos luwe, mesthi butuh nedha. Dados, pathokaning nedha, punika kraos luwe.
Nyandhang, punika lairipun wonten tiyang, raga kraos asrep, utawi isis. Mila, saben tiyang punika kraos asrep utawi isis raganipun, mesthi butuh nyandhang. Dados, pathokanipun nyandhang punika, kangge ngaling-alingi utawi nutupi raga, supados boten asrep utawi isis.
Pathokaning mapan (gegriya), punika lairipun wonten tiyang kraos ngantuk utawi sayah. Mila, saben tiyang punika kraos ngantuk utawi sayah, mesthi butuh mapan (tilem). Dados, pathokaning mapan, punika kraos ngantuk utawi sayah raganipun. Mangka, kraos luwe, kraos asrep, kraos ngantuk, punika wateging karep, ingkang kraos wonten raosing tiyang. Dados, kabutuhan nedha, nyandhang, mapan, punika mesthi kraos cekap wonten raosing tiyang. Tiyang punika mesthi butuh kacekapan pangupajiwanipun; boten butuh kacekapan, boten saged. Inggih punika butuh cekap, anggenipun nedha, nyandhang, mapan.
Butuh cekap anggenipun nedha, nyandhang, mapan, punika saking wateging karep gesang, utawi raosipun piyambak.
Nedha, punika cekapipun yen kraos eca. Mila, saben tiyang punika kraos luwe, nedha punapa kemawon, ingkang limrah dipun tedha tiyang, inggih kraos eca, lan yen kathah, mesthi tuwuk.
Butuh nyandhang, punika cekapipun, yen saged kaling-kalingan raganipun, utawi sakeca lan patut. Mangka, sakeca lan patut, punika wonten raosipun piyambak. Mila, saben sandhangan dipun angge, mesthi sakeca lan mesthi patut.
Mapan, punika cekapipun yen kraos sakeca. Mangka, sakeca punika saking kraos ngantuk. Mila, saben tiyang punika taksih saged ngantuk, mesthi sakeca tilemipun.
Dados, raosing nedha, nyandhang, mapan, punika pilah kaliyan barangipun ingkang dipun tedha, dipun sandhang lan dipun enggeni.
Yen raosing nedha, nyandhang, mapan, punika carup kaliyan barang-barangipun, lajeng ribed. Tiyang lajeng ngaya-aya pados cekaping nedha, nyandhang, mapan saking barang-barang lan kawontenan. Mila, lajeng wonten lelampahan, tiyang anggenipun nedha, nyandhang, mapan boten pathokan raosipun, nanging pathokan barang-barang lan kawontenan.
Pangupajiwa, nedha, nyandhang, mapan, punika butuhing gesang lan mesthi cekap dipun lampahi sadaya tiyang. Mangka, cekaping pangupajiwa, punika wonten raosipun piyambak. Mila, sadaya tiyang punika mesthi saged kacekapan pangupajiwanipun saking awakipun piyambak. Ingkang murugaken boten kraos cekap pangupajiwanipun, punika saking pathokan barang-barang lan kawontenan. Mangka, barang-barang lan kawontenan, punika sontan-santun, miturut sebab lan kadadosan. Mila, yen pangupajiwa punika pathokan barang-barang lan kawontenan, tiyang lajeng rumaos kirang pangupajiwanipun.
Tiyang, rumaos kirang pangupajiwanipun, punika jalaran caruping barang kaliyan raosipun piyambak. Mangka, pangupajiwaning tiyang, punika mesthi kalampahan lan cekap dipun lampahi. Mila, sanajan tiyang punika rumaosipun kirang, utawi boten kraos cekap pangupajiwanipun, nanging lelampahanipun inggih taksih dipun lampahi. Tegesipun, taksih nglampahi nedha, nyandhang, mapan.
Prabot kangge Nyekapi Pangujiwa
Prabot, ingkang kangge nyekapi pangupajiwa, punika pakaryan. Mangka, pangupajiwa punika, mesthi kacekapan wonten raosipun piyambak. Dados, tiyang punika mesthi saged nyekapi pangupajiwanipun saking anggenipun makarya, utawi pakaryanipun.
Pakaryan utawi makarya, punika mesthi ngawontenaken pamedal. Pamedaling pakaryan, lajeng kangge nyekapi pangupajiwa. Mila, makarya punika lelawananing tiyang wonten nggen nyekapi pangupajiwa.
Pamedaling pakaryan, punika warni-warni, lan mesthi saged nyekapi pangupajiwa. Mila, makarya punika pathokanipun pathok kenging kangge nyekapi pangupajiwa.
Ingkang nglampahi makarya, punika tiyang satunggal-satunggal, lan pamedaling pakaryanipun mesthi cekap kangge nyekapi pangupajiwa. Mangka tiyang punika mesthi nglampahi laki-rabi, utawi bebrayatan kaliyan tiyang sanes, lan mesthi sesrawungan. Mila, tiyang makarya punika, pamedalipun mesthi kangge nyekapi pangupajiwanipun piyambak, bebrayatanipun lan sesrawunganipun.
Makarya, bebrayatan lan sesrawungan, punika pilah-pilah. Makarya, punika lelawananing tiyang nyekapi pangupajiwa, mawi petang-petang. Bebrayatan, punika raos alap-ingalapan paedah wonten nggen nyekapi kabetahan pangupajiwa. Sesrawungan punika raos weweh-winewehan.
Yen raosing pakaryan, bebrayatan, lan sesrawungan, punika carup, lajeng ribed. Makarya, dipun wastani bebrayatan; bebrayatan dipun wastani sesrawungan; sesrawungan dipun wastani makarya. Lajeng wonten lelampahan, pamedaling pakaryan punika, risak-risak kangge nyekapi ingkang samesthinipun boten dipun cekapi. Inggih punika tumanjaning pamedaling pakaryan klintu.
Tiyang makarya, bebrayatan, sesrawungan, punika kangge nyekapi butuhing gesang, utawi pangupajiwa. lngkang tumandang makarya punika tiyang, kangge nyekapi pangupajiwaning tiyang. Mangka, makarya, bebrayatan, sesrawungan, punika saking ebahing raga, manah lan pikiranipun piyambak, lan pamedaling pakaryan, punika inggih kangge nyekapi pangupajiwanipun piyambak. Dados, ebahing raga, manah, lan pikiraning tiyang, pados pangupajiwa, punika angsal-angsalanipun inggih kangge nyekapi raga, manah, pikiranipun piyambak. Mila, tiyang punika boten wonten ingkang kekirangan pangupajiwa. Tegesipun, saben tiyang, punika mesthi sami saged ebah raganipun, manahipun, lan pikiranipun. Dene angsal-angsalanipun pamedal, punika wonten tiyang satunggal-satunggal inggih mesthi beda-beda.
Ebahing raga, manah lan pikiranipun tiyang, punika kalairaning raos endah utawi resep. Mangka, cekaping pangupajiwanipun tiyang satunggal-satunggal, punika saged saking makarya, saged saking bebrayatan, lan saged saking sesrawungan. Dados pathokaning makarya, bebrayatan, lan sesrawungan, punika saking ebahing raga, manah lan pikiran, ingkang ngresepaken utawi endah dipun tingali leIawananipun.



0 comments:
Post a Comment