Wit-witan, kewan lan tiyang punika sami ebah kadhorong dening raos gesang. Maksudipun ebah barang gesang tigang golongan wau sami, sami supados lestantun gesang lan supados lestantun jinisipun. Dados prakawis punika boten wonten bedanipun kangge wit-witan, kewan lan tiyang.
Nanging manungsa caranipun ebah nyekapi butuhing gesang beda kaliyan wit-witan lan kewan. Wit-witan lan kewan caranipun ebah nyekapi butuhing gesang tanpa pangertos, jalaran boten gadhah pikiran, nanging manungsa caranipun ebah nyekapi butuhing gesang sarana pangertos, jalaran gadhah pikiran. Dados bedanipun manungsa kaliyan barang gesang ingkang dede manungsa namung gadhah pikiran kaliyan boten gadhah pikiran.
Pikiran punika, yen kangge mikir, tiyang lajeng mangertos. Kempaling pangertos-pangertos punika dados kawruh. Mila tiyang tumindak nyekapi butuhing gesang punika samesthinipun kanthi kawruh lan yen boten kanthi kawruh, punika boten kacekapan butuhipun.
Ingkang dede tiyang, tumindak nyekapi butuhing gesang, punika cekap tanpa kawruh. Upami tigan bebek netes dados meri. Meri wau sanajan nembe umur sadinten yen nyemplung ing toya, inggih sampun wasis nglangi, lan tiyang sinau nglangi tigang wulan, taksih kawon wasis tinimbang meri.
Mangka biyungipun meri punika boten ndhidhik lan boten ngandhani dhateng anakipun. Meri wau ebah wonten ing toya pados tedha supados lestantun gesang. Sanajan tanpa pangertos, meri wau boten nate klentu ngemplok beling.
Kados makaten ebahing kewan, anggenipun nyekapi butuhing gesang tanpa pangertos, punika sampun cekap. Kosok wangsulipun lare umur setaun, yen boten dipun jagi dening ingkang momong, asring ngemplok krikil, jalaran lare wau boten mangertes, nanging samesthinipun kedah ngertos, jalaran anak tiyang.
Mila tindaking lare punika kedah dipun jagi dening pamomongipun, murih boten klentu, mila tiyang punika mbutuhaken pendidikan.
Dados tindaking kewan nyekapi butuhing gesang punika boten saged klentu, nanging tindaking tiyang saged klentu. Kucing boten nate klentu nubruk timun, nanging tiyang saged klentu ngemplok kebul sata, lan menda boten wonten ingkang nggantung, nanging tiyang asring nggantung. Dados kewan punika boten nate mleset saking maksuding ebah, nanging tiyang punika saged mleset saking maksuding ebah.
Mila yen tiyang tumindak tanpa kawruh, maksuding tindak boten kacepeng. Upami tiyang ngliwet, yen tanpa kawruh, wosipun boten saged dados sekul. Dados tumrap tiyang, kawruh punika sarat mutlak kangge nyekapi butuhing gesang.
Mila ing salebeting masarakat punika wonten pinten-pinten kawruh ingkang kangge nyekapi butuhing masarakat lan butuhing tiyang satunggal-satunggal. Kawruh-kawruh ingkang wonten ing masarakat punika wujudipun kawruh nenanem, ingah-ingah, mertukang, kemasarakatan, pengupajiwa, laki-rabi, tata negara, filsafat kawruh jiwa lan sapanunggilanipun. Kempaling sadaya kawruh ingkang wonten ing masarakat punika dipun wastani kabudayan.
Kawruh-kawruh sadaya wau ingkang mahanani damelaning tiyang ingkang dados prabot kangge nyekapi butuhing gesang. Sarehne pikiran punika, yen dipun upakara, saged ngambah kamajengan, mila dedamelaning tiyang anggenipun mujudaken barang-barang punika ngambah kamajengan. Mila barang-barang damelaning tiyang punika ngambah kamajengan. Sakawit tiyang anggenipun nyekapi kabutuhan nedha namung sarana undhuh-undhuh pemedaling wana lan mbedhag kewan. Kamajenganipun tiyang lajeng tetanem lan ngingah-ingah. Makaten ugi wonten nggen nyandhang, sakawit tiyang namung ngangge kulit kajeng lan kulit kewan dipun tangsulaken dhateng raganipun lan kamajenganipun tiyang lajeng ngantih lan nenun.
Wonten nggen mapan, sakawit tiyang namung ngerong lan kamajenganipun tiyang lajeng damel griya gedheg, gebyog, gedhong lan salajengipun. Kosok wangsulipun kewan, sebab boten gadhah pikiran mila prabotipun boten ngambah kamajengan. Upami peksi manyar anggenipun damel susuh.
Sanajan susuh wau peni, nanging susuh manyar wau satus taun kapengker inggih kados makaten lan satus taun malih susuh manyar inggih kados makaten. Sanajan salah satunggaling jinis kewan dipun anggep langkung majeng tinimbang jinis kewan sanesipun, nanging jinis kewan wau prabotipun boten ngambah kamajengan. Mila jinis kewan wau dedamelipun boten ngambah kemajengan.
Wonten malih bedanipun kewan lan tiyang, inggih punika wonten nggen prakawis kasenian. Tiyang punika butuh kaendahan sarana pancadriya lan butuh kaendahan wau dipun lairaken dados barang-barang ingkang kangge nyekapi butuhing manah lumantar pancadriya. Barang wau awujud rerupen, wewangunan lan ebah ingkang endah lan swara lan ganda lan raosing ilat lan grenjel ingkang endah.
Wonten malih bedanipun kewan lan tiyang tumrap ing raos, ingkang jalaran saking boten gadhah pikiran lan gadhah pikiran. Kewan punika namung kraos bungah lan susah, nanging boten kraos begja lan cilaka. Kajawi kraos bungah lan susah, tiyang punika ugi kraos begja lan cilaka.
Sarehne gadhah pikiran, tiyang punika lajeng gadhah gegayuhan. Yen gegayuhanipun kacepeng, tiyang lajeng rumaos begja lan yen boten kacepeng, tiyang lajeng rumaos cilaka. Inggih gegayuhan punika ingkang murugaken dhateng tiyang tindakipun mlesed saking maksuding gesang, utawi saking ril tujuaning gesang, inggih punika supados lestantun gesang lan supados lestantun jinisipun.
Yen gegayuhanipun keplesed, tiyang asring tumindak nglalu utawi ngendhat. Ngendhat punika cengkah kaliyan tujuaning gesang. Dados gegayuhan punika murugaken mleset saking ril tujuaning gesang. Nalika tiyang nggayuh punapa-punapa, ingkang satiyaripun murih kacepeng, boten dipun mangertosi, tiyang asring nyirik nedha, nyirik tilem utawi nyirik bojo. Mangka sadaya ingkang dipun sirik wau butuhing gesang. Mila sesirik wau tindak ingkang mleset saking ril tujuaning gesang.
Ing masarakat punika wonten pinten-pinten kawruh ingkang kangge nyekapi butuhing gesang. Kempaling sadaya kawruh wau dipun wastani kabudayan. Mila ing masarakat punika wonten kabudayan.
Masarakat punika dipun perang dados bangsa-bangsa. Bangsa-bangsa wau manggen wonten ing pasiten, ingkang beda-beda kawontenanipun, wonten ingkang ngare lan wonten ingkang pareden, wonten ingkang hawanipun asrep lan wonten ingkang benter. Mila bangsa-bangsa wau lajeng beda-beda prabotipun ingkang kangge nyekapi butuhing gesang.
Beda-bedaning prabot wau ingkang mahanani beda-bedaning corakipun kabudayaning bangsa. Beda-bedaning corak kabudayan punika asring kangge garan poyok-poyokan. Poyok-poyokan wau asring dados peperangan.
Dados bangsa-bangsa punika gadhah kabudayan piyambak-piyambak lan kabudayan wau wonten ingkang andhap lan wonten ingkang inggil. Sampun dados pangadataning bangsa-bangsa andhap lan inggiling kabudayan wau kangge ukuran andhap lan inggilipun drajating bangsa. Mila bangsa, ingkang inggil kabudayanipun, dipun anggep inggil drajatipun.
Perang-peranganipun kabudayaning satunggaling bangsa punika wonten ingkang andhap lan wonten ingkang inggil. Satunggaling bangsa, ingkang anggenipun nggarap sabin sarana luku dipun geret kewan, punika satunggaling bangsa, ingkang peranganipun kabudayan wonten nggen bab punika, langkung andhap tinimbang kaliyan peranganing kabudayanipun bangsa sanes, ingkang anggenipun nggarap sabin sarana mesin. Dados luku dipun geret kewan punika langkung andhap tinimbang mesin tumraping kabudayan.
Bangsa, ingkang peranganing kabudayanipun andhap, saged mendhet saking bangsa sanes sarana sinau. Bangsa ingkang perangan kabudayanipun langkung inggil, saged nyumbangaken dhateng bangsa sanes. Kados makaten bangsa-bangsa anggenipun alap-ingalap paedah wonten nggen kabudayan, ingkang murugaken sami kacekapanipun lan sami sakecanipun.



0 comments:
Post a Comment