Filsafat Raos Gesang I: Raos Gesang

 Filsafat punika kawruh barang sawetah. Kawruh barang sawetah punika jawaban dhateng pitakenan makaten: "Barang salumahing bumi lan sakurebing langit iki apa?" Barang salumahing bumi lan sakurebing langit punika tegesipun, punapa kemawon ingkang wonten lan boten wonten ingkang kalangkungan.

Punapa kemawon ingkang wonten punika kenging dipun perang dados kalih perangan, inggih punika barang gesang lan barang boten gesang. Barang boten gesang punika wujudipun kadosta: cangkir, piring, meja, kursi, sela lan sapanunggilanipun lan barang gesang punika wujudipun kadosta: wit-witan, kewan, tiyang lan sapanunggilanipun. Dados punapa kemawon ingkang wonten punika namung barang gesang lan barang boten gesang lan sanesipun boten wonten.

Filsafat Raos Gesang I: Raos Gesang

Barang boten gesang punika boten ebah, kajawi yen dipun ebahaken dening barang sanes. Barang gesang punika ebah, sanajan boten dipun ebahaken dening barang sanes. Mila gesang punika ebah pribadi.

Ebah lan kendel punika lelampahan. Kendel punika tetep wonten ing panggenanipun lan ebah punika santun panggenan, sanajan ingkang ebah punika namung peranganing barang. Dados gesang punika lelampahan.

Ingkang nglampahi lelampahan punika barang dumadi satunggal-satunggal. Wujudipun barang dumadi satunggal-satunggal punika kewan, tiyang, meja, kursi lan sapanunggilanipun. Dados tumraping tiyang barang dumadi punika raga.

Mila raganing tiyang punika tansah ebah pribadi. Yen raga punika mantun ebah pribadi, raga wau pejah. Dados pejah punika mantun ebah pribadi.

Yen mangertos, bilih gesang punika lelampahan, tiyang lajeng luwar saking panginten, yen gesang punika barang. Panginten, yen gesang punika barang, nukulaken reribed ingkang dhapur pitakenan makaten: "Yen tiyang pejah lajeng gesangipun dhateng pundi?" Dados pitakenan wau nakekaken papaning barang, inggih punika si gesang ingkang dipun kinten barang.

Ingkang ngalap papan punika barang dumadi, nanging lelampahan punika boten ngalap papan. Upami lungguh punika lelampahan, mila boten ngalap papan, lan ingkang ngalap papan punika raga ingkang lungguh upami si-Dhadhap lungguh ing kursi. Dados ingkang ngalap papan wonten ing kursi punika raga si-Dhadhap.

Lelampahan punika kenging dipun tengker-tengker dados satengker-satengker miturut tegesipun. Lelampahan satengker-satengker punika urut-urutan sambet-sambetan sebab lan kadadosan wonten salebeting jaman. Dados lelampahan punika ngalap jaman.

Barang gesang punika kenging dipun perang dados tigang golongan, inggih punika wit-witan, kewan lan tiyang. Barang gesang, ingkang nama tiyang, punika kraos gesang. Dados wonten ing tiyang punika wonten raos gesang.

Inggih raos gesang punika ingkang ndhorong ebah dhateng tiyang. Ing ngriki perlu dipun selani nerangaken, yen tindaking tiyang punika kadhorong dening raosipun. Tiyang tumindak pados omben-omben punika kadhorong dening raos ngelak, lan tiyang tumandang tilem punika kadhorong dening raos ngantuk.

Malah-malah raos gesang punika ndhorong ebah boten namung dhateng tiyang, nanging dhateng sedaya barang gesang, inggih punika wit-witan, kewan, lan tiyang. Sarehne ebahipun barang gesang punika kadhorong dening raos gesang mila maksudipun ebah sadaya barang gesang punika supados lestantun gesang. Mila raos gesang punika raos emoh pejah.

Contonipun yen ebahipun barang gesang punika supados lestantun gesang. Upami wit pelem ebah lan oyodipun lumebet ing siti pados tedha. Mesthi kemawon maksudipun ebahipun wit pelem wau supados lestantun gesang, sanajan boten rumaos.

Yen sampun diwasa, wit pelem wau boten kendel namung supados lestantun gesang, nanging mesthi ngedalaken sekar lan sekar dados pentil, lan pentil dados woh. Woh pelem, yen sampun mateng, dhawah ing siti, lan lajeng thukul dados wit pelem sanes malih. Mila yen wit pelem ingkang sepuh pejah, wit pelem nem wau nggentosi gesang.

Inggih punika ingkang murugaken lestantun wonten jenis pelem. Jalaran wit pelem nem wau, yen sampun diwasa, inggih ngedalaken woh malih lan makaten salajengipun. Dados kajawi supados lestantun gesang, ebahipun wit pelem wau ugi supados lestantun jinisipun.

Dados wit-witan ebah punika maksudipun wonten kalih perangan, inggih punika supados lestantun gesang lan supados lestantun jinisipun. Makaten ugi kewan lan tiyang maksudipun ebah inggih supados lestantun gesang lan supados lestantun jinisipun. Dados maksudipun ebah tumrap wit-witan, kewan lan tiyang, punika sami, sami supados lestantun gesang lan lestantun jinisipun.

Ebahing tiyang, ingkang nuju dhateng lestantuning gesang awujud nedha, nyandhang lan mapan, inggih punika pangupajiwa. Yen boten nedha, tiyang punika dados gering lan lajeng pejah. Mila nedha punika butuhing gesang.

Sandhang punika paedahipun kangge ngaling-alingi rasa saking benter lan asrep. Yen keterak dening benter utawi asrep ingkang nemen, raga punika dados gering lan lajeng pejah. Mila sandhang punika butuhing gesang.

Papan punika paedahipun kangge ngaso, inggih punika tilem. Yen boten tilem, tiyang dados gering lan lajeng pejah. Mila papan, griya, punika butuhing gesang.

Ebahing tiyang, ingkang nuju dhateng lestantuning jinis, awujud laki-rabi. Yen boten laki-rabi, tiyang lajeng boten saged anak-anak, lan lajeng cures jinising tiyang. Mila laki-rabi punika butuhing gesang.

Dados pangupajiwa lan laki-rabi punika butuhing gesang. Yen butuhing gesang boten kacekapan, tiyang dados pejah utawi cures jinisipun. Mila yen butuhing gesang punika kacekapan, tiyang kraos bungah, lan yen boten kacekapan tiyang kraos susah.

Mila raos gesang punika murugaken dhateng tiyang dados ajrih pejah lan ajrih cures utawi nyingkiri punapa kemawon ingkang nyelaki pejah lan nyelaki cures. Punapa-punapa ingkang nyelaki pejah punika wujudipun kadosta sakit kaluwen, kawudan, boten kauban wangon lan sapanunggilanipun lan ingkang nyelaki cures punika awujud boten angsal bojo, pegatan kaliyan bojo, dereng gadhah anak lan sapanunggilanipun. Dados ajrih pejah lan ajrih cures punika miturut raos gesang, mila sehat.

Yen kenging sambekala jiwa, tiyang asring nglampahi nyirik nedha, nyirik tilem, nyirik bojo lan sapanunggilanipun. Sambekala jiwa wau awujud raos pados linangkung utawi pados katrimah. Dados nyirik butuhing gesang wau boten sehat. Nyirik butuhing gesang punika mahanani perang batin. Mangka perang batin punika raosipun cilaka. Mila nyirik butuhing gesang punika raosipun cilaka.

Perang batin punika wujudipun makaten. Upami tiyang nyirik nedha lan lajeng kraos luwe. Ing ngriku raos kepengin nedha kerengan kaliyan raos ngampet nedha. Inggih punika perang batin.

Ing salebeting kerengan batin asring awakipun piyambak dados ingkang kepengin nedha lan asring dados ingkang ngampet nedha. Nalika dados ingkang kepengin nedha, awakipun piyambak raosipun makaten: "Aku kepengin mangan." Lan nalika dados ingkang ngampet nedha, awakipun piyambak raosipun makaten: "Aku sing ngampet mangan, lan aku sing nguwasani napsuku, lan sing kepengin mangan iku godha." Dados awakipun piyambak kados-kados sigar dados kalih.

Kados makaten bingungipun tiyang yen wonten perang batin, saengga mastani awakipun piyambak ingkang-pundi kemawon kisruh. Yen tiyang sumerep dhateng sambekala jiwa wau, ingkang wujud raos pados linangkung utawi pados katrimah, perang batin punika sirna. Sirnaning perang batin mahanani raos tentrem.

Filsafat Raos Gesang II: Kabudayan

Wit-witan, kewan lan tiyang punika sami ebah kadhorong dening raos gesang. Maksudipun ebah barang gesang tigang golongan wau sami, sami supados lestantun gesang lan supados lestantun jinisipun. Dados prakawis punika boten wonten bedanipun kangge wit-witan, kewan lan tiyang.

Nanging manungsa caranipun ebah nyekapi butuhing gesang beda kaliyan wit-witan lan kewan. Wit-witan lan kewan caranipun ebah nyekapi butuhing gesang tanpa pangertos, jalaran boten gadhah pikiran, nanging manungsa caranipun ebah nyekapi butuhing gesang sarana pangertos, jalaran gadhah pikiran. Dados bedanipun manungsa kaliyan barang gesang ingkang dede manungsa namung gadhah pikiran kaliyan boten gadhah pikiran.

Filsafat Raos Gesang II: Kabudayan

Pikiran punika, yen kangge mikir, tiyang lajeng mangertos. Kempaling pangertos-pangertos punika dados kawruh. Mila tiyang tumindak nyekapi butuhing gesang punika samesthinipun kanthi kawruh lan yen boten kanthi kawruh, punika boten kacekapan butuhipun.

Ingkang dede tiyang, tumindak nyekapi butuhing gesang, punika cekap tanpa kawruh. Upami tigan bebek netes dados meri. Meri wau sanajan nembe umur sadinten yen nyemplung ing toya, inggih sampun wasis nglangi, lan tiyang sinau nglangi tigang wulan, taksih kawon wasis tinimbang meri.

Mangka biyungipun meri punika boten ndhidhik lan boten ngandhani dhateng anakipun. Meri wau ebah wonten ing toya pados tedha supados lestantun gesang. Sanajan tanpa pangertos, meri wau boten nate klentu ngemplok beling.

Kados makaten ebahing kewan, anggenipun nyekapi butuhing gesang tanpa pangertos, punika sampun cekap. Kosok wangsulipun lare umur setaun, yen boten dipun jagi dening ingkang momong, asring ngemplok krikil, jalaran lare wau boten mangertes, nanging samesthinipun kedah ngertos, jalaran anak tiyang.

Mila tindaking lare punika kedah dipun jagi dening pamomongipun, murih boten klentu, mila tiyang punika mbutuhaken pendidikan.

Dados tindaking kewan nyekapi butuhing gesang punika boten saged klentu, nanging tindaking tiyang saged klentu. Kucing boten nate klentu nubruk timun, nanging tiyang saged klentu ngemplok kebul sata, lan menda boten wonten ingkang nggantung, nanging tiyang asring nggantung. Dados kewan punika boten nate mleset saking maksuding ebah, nanging tiyang punika saged mleset saking maksuding ebah.

Mila yen tiyang tumindak tanpa kawruh, maksuding tindak boten kacepeng. Upami tiyang ngliwet, yen tanpa kawruh, wosipun boten saged dados sekul. Dados tumrap tiyang, kawruh punika sarat mutlak kangge nyekapi butuhing gesang.

Mila ing salebeting masarakat punika wonten pinten-pinten kawruh ingkang kangge nyekapi butuhing masarakat lan butuhing tiyang satunggal-satunggal. Kawruh-kawruh ingkang wonten ing masarakat punika wujudipun kawruh nenanem, ingah-ingah, mertukang, kemasarakatan, pengupajiwa, laki-rabi, tata negara, filsafat kawruh jiwa lan sapanunggilanipun. Kempaling sadaya kawruh ingkang wonten ing masarakat punika dipun wastani kabudayan.

Kawruh-kawruh sadaya wau ingkang mahanani damelaning tiyang ingkang dados prabot kangge nyekapi butuhing gesang. Sarehne pikiran punika, yen dipun upakara, saged ngambah kamajengan, mila dedamelaning tiyang anggenipun mujudaken barang-barang punika ngambah kamajengan. Mila barang-barang damelaning tiyang punika ngambah kamajengan. Sakawit tiyang anggenipun nyekapi kabutuhan nedha namung sarana undhuh-undhuh pemedaling wana lan mbedhag kewan. Kamajenganipun tiyang lajeng tetanem lan ngingah-ingah. Makaten ugi wonten nggen nyandhang, sakawit tiyang namung ngangge kulit kajeng lan kulit kewan dipun tangsulaken dhateng raganipun lan kamajenganipun tiyang lajeng ngantih lan nenun.

Wonten nggen mapan, sakawit tiyang namung ngerong lan kamajenganipun tiyang lajeng damel griya gedheg, gebyog, gedhong lan salajengipun. Kosok wangsulipun kewan, sebab boten gadhah pikiran mila prabotipun boten ngambah kamajengan. Upami peksi manyar anggenipun damel susuh.

Sanajan susuh wau peni, nanging susuh manyar wau satus taun kapengker inggih kados makaten lan satus taun malih susuh manyar inggih kados makaten. Sanajan salah satunggaling jinis kewan dipun anggep langkung majeng tinimbang jinis kewan sanesipun, nanging jinis kewan wau prabotipun boten ngambah kamajengan. Mila jinis kewan wau dedamelipun boten ngambah kemajengan.

Wonten malih bedanipun kewan lan tiyang, inggih punika wonten nggen prakawis kasenian. Tiyang punika butuh kaendahan sarana pancadriya lan butuh kaendahan wau dipun lairaken dados barang-barang ingkang kangge nyekapi butuhing manah lumantar pancadriya. Barang wau awujud rerupen, wewangunan lan ebah ingkang endah lan swara lan ganda lan raosing ilat lan grenjel ingkang endah.

Wonten malih bedanipun kewan lan tiyang tumrap ing raos, ingkang jalaran saking boten gadhah pikiran lan gadhah pikiran. Kewan punika namung kraos bungah lan susah, nanging boten kraos begja lan cilaka. Kajawi kraos bungah lan susah, tiyang punika ugi kraos begja lan cilaka.

Sarehne gadhah pikiran, tiyang punika lajeng gadhah gegayuhan. Yen gegayuhanipun kacepeng, tiyang lajeng rumaos begja lan yen boten kacepeng, tiyang lajeng rumaos cilaka. Inggih gegayuhan punika ingkang murugaken dhateng tiyang tindakipun mlesed saking maksuding gesang, utawi saking ril tujuaning gesang, inggih punika supados lestantun gesang lan supados lestantun jinisipun.

Yen gegayuhanipun keplesed, tiyang asring tumindak nglalu utawi ngendhat. Ngendhat punika cengkah kaliyan tujuaning gesang. Dados gegayuhan punika murugaken mleset saking ril tujuaning gesang. Nalika tiyang nggayuh punapa-punapa, ingkang satiyaripun murih kacepeng, boten dipun mangertosi, tiyang asring nyirik nedha, nyirik tilem utawi nyirik bojo. Mangka sadaya ingkang dipun sirik wau butuhing gesang. Mila sesirik wau tindak ingkang mleset saking ril tujuaning gesang.

Ing masarakat punika wonten pinten-pinten kawruh ingkang kangge nyekapi butuhing gesang. Kempaling sadaya kawruh wau dipun wastani kabudayan. Mila ing masarakat punika wonten kabudayan.

Masarakat punika dipun perang dados bangsa-bangsa. Bangsa-bangsa wau manggen wonten ing pasiten, ingkang beda-beda kawontenanipun, wonten ingkang ngare lan wonten ingkang pareden, wonten ingkang hawanipun asrep lan wonten ingkang benter. Mila bangsa-bangsa wau lajeng beda-beda prabotipun ingkang kangge nyekapi butuhing gesang.

Beda-bedaning prabot wau ingkang mahanani beda-bedaning corakipun kabudayaning bangsa. Beda-bedaning corak kabudayan punika asring kangge garan poyok-poyokan. Poyok-poyokan wau asring dados peperangan.

Dados bangsa-bangsa punika gadhah kabudayan piyambak-piyambak lan kabudayan wau wonten ingkang andhap lan wonten ingkang inggil. Sampun dados pangadataning bangsa-bangsa andhap lan inggiling kabudayan wau kangge ukuran andhap lan inggilipun drajating bangsa. Mila bangsa, ingkang inggil kabudayanipun, dipun anggep inggil drajatipun.

Perang-peranganipun kabudayaning satunggaling bangsa punika wonten ingkang andhap lan wonten ingkang inggil. Satunggaling bangsa, ingkang anggenipun nggarap sabin sarana luku dipun geret kewan, punika satunggaling bangsa, ingkang peranganipun kabudayan wonten nggen bab punika, langkung andhap tinimbang kaliyan peranganing kabudayanipun bangsa sanes, ingkang anggenipun nggarap sabin sarana mesin. Dados luku dipun geret kewan punika langkung andhap tinimbang mesin tumraping kabudayan.

Bangsa, ingkang peranganing kabudayanipun andhap, saged mendhet saking bangsa sanes sarana sinau. Bangsa ingkang perangan kabudayanipun langkung inggil, saged nyumbangaken dhateng bangsa sanes. Kados makaten bangsa-bangsa anggenipun alap-ingalap paedah wonten nggen kabudayan, ingkang murugaken sami kacekapanipun lan sami sakecanipun.

Filsafat Raos Gesang III: Masarakat

Jinis-jinis kewan punika cara gesangipun wonten kalih perangan, inggih punika ijen-ijen lan gegrombolan. Ingkang cara gesangipun gegrombolan punika wujudipun tawon, rayap, semut lan sapanunggilanipun lan ingkang cara gesangipun ijen-ijen punika wujudipun tekek, gangsir lan sapanunggilanipun. Cara gesanging kewan ijen-ijen utawi gegrombolan punika miturut aturan alam, mila boten kenging dipun ewahi.

Filsafat Raos Gesang III: Masarakat
 Suku Lozi di Barotseland

Upami tawon, yen dipun ijenaken, punika mesthi pejah. Kosok wangsulipun gangsir, yen dipun grombolaken, punika inggih mesthi pejah, jalaran gangsir wau wonten ing grombolan mesthi tansah kerah. Dados yen cara gesangipun dipun ewahi, kewan punika boten saged lestantun gesang utawi boten lestantun jinisipun.

Tiyang punika satunggaling jinis ingkang cara gesangipun gegrombolan kados dene tawon. Wonten ing grombolan, tiyang sami tumindak alap-ingalap paedah kaliyan tiyang sanes. Tindak alap-ingalap paedah wau dipun wastani gotong-royong utawi masarakat.

Dene caranipun tindak alap-ingalap paedah punika makaten. Upami pandhe punika pakaryanipun namung nuthuki wesi lan boten wonten sanesipun. Ewa semanten pak pandhe wau inggih nedha sekul, mangka boten nanem pantun.

Mila saged nedha sekul, jalaran pak pandhe wau alap-ingalap paedah kaliyan pak tani. Pak pandhe ngalap pantun saking pak tani, lan pak tani ngalap pacul saking pak pandhe. Alap-ingalap paedah kados makaten punika wohipun sami kacekapanipun lan sami sakecanipun.

Murih langkung terang, ing ngriki dipun contoni malih wujudipun alap-ingalap paedah. Upami wonten sekul sepiring lan dipun takenaken, sinten ingkang ngawujudaken sekul sepiring wau. Yen pitakenan wau dipun jawab makaten: "Pak tani ingkang ngawujudaken sekul sapiring wau, jalaran pak tani ingkang nanem pantun ," jawaban wau lepat.

Jalaran pak tani boten saged nanem pantun tanpa pacul, garu utawi luku. Mangka luku punika ingkang damel tukang kajeng. Dados tukang kajeng ugi tumut ngawontenaken sekul sepiring.

Yen tanpa kejen, luku punika boten kenging kangge. Mangka kejen punika ingkang damel pandhe. Dados pandhe ugi tumut ngawontenaken sekul sapiring.

Yen ilining toya, ingkang kangge ngelebi sabin, boten beres, pantun boten saged gesang. Mangka ingkang mberesaken ilining toya punika ulu-ulu. Dados ulu-ulu ugi tumut ngawontenaken sekul sapiring.

Yen sami tukaran lan boten wonten ingkang ngleresi, tiyang tani boten kober nanem pantun. Mangka ingkang tukang ngleresi tukaran punika jeksa. Dados jeksa ugi tumut ngawontenaken sekul sapiring.

Yen boten dipun tata, tiyang tani lajeng rebatan kikis lan galengan lan lajeng boten kober nanem pantun. Mangka ingkang tukang nata punika pamong praja. Dados pamong praja ugi tumut ngawontenaken sekul sapiring.

Yen kathah reresah, tiyang tani boten kober nanem pantun. Mangka tukang ingkang mbrantas reresah punika polisi. Dados polisi ugi tumut ngawontenaken sekul sapiring.

Yen wonten mengsah utawi parang muka, tiyang tani boten kober nanem pantun. Mangka tukang ingkang methukaken parang muka punika prajurit. Dados prajurit ugi tumut ngawontenaken sekul sapiring.

Dados pakaryanipun tiyang satunggal-satunggal punika lelawanan kaliyan tiyang sadaya sawetah. Yen makaten tiyang satunggal-satunggal punika lelawanan kaliyan tiyang sadaya sawetah. Lawananipun tiyang sadaya sawetah punika namanipun masarakat.

Dados tiyang punika anggenipun saged lestantun gesang sarana masarakat lan boten saged gesang ijen. Yen ijen lan boten lelawanan kaliyan tiyang sanes, tiyang punika mesthi pejah, jalaran kabutuhaning gesang mesthi boten saged kacekapan. Dados gesang punika lelawanan.

Yen ijen, tiyang punika badhe ngangge kathok kemawon boten saged kelampahan. Jalaran tiyang wau kedah nanem kapas piyambak, mbrantas ama kapas piyambak, ngantih piyambak, damel antihan piyambak, damel pakan piyambak, nenun piyambak, damel tenunan piyambak lan sapanunggalipun. Sadaya wau mesthi boten saged kelampahan.

Dados pangajining pakaryanipun tiyang satunggal-satunggal punika sami tumrap masarakat. Pakaryan ngarit rumput, damel areng, dados polisi, dados pamong praja, dados prajurit, punika sami kangge masarakat. Mila yen salah satunggaling pakaryan dipun coplok saking masarakat, lajeng ubenging rodha masarakat boten beres.

Upami boten wonten tiyang damel areng, lajeng pandhe boten saged damel pacul, lajeng tiyang tani boten saged nanem pantun, lajeng tiyang sami kaliren. Sami kaliyan sirah sepur anggenipun boten saged mlampah yen dipun coplok sekrupipun satunggal kemawon, ingkang regi sarupiyah. Kados makaten tiyang satunggal-satunggal anggenipun gantung-gumantung satunggal dhateng satunggalipun.

Yen mangertos bilih tiyang punika anggenipun saged lestantun gesang saking masarakat, tiyang lajeng mangertos, yen awakipun piyambak ngganggu tiyang sanes, tegesipun awakipun piyambak ngganggu masarakat. Yen ngganggu masarakat, tegesipun awakipun piyambak ngganggu awakipun piyambak. Dados ngganggu tiyang sanes punika tegesipun awakipun piyambak ngganggu awakipun piyambak.

Dados masarakat punika awakipun piyambak. Yen makaten mbangun masarakat punika mbangun awakipun piyambak lan mbangun awakipun piyambak punika mbangun masarakat. Inggih punika raos manunggal kaliyan masarakat.

Filsafat Raos Gesang IV: Sesrawungan

Sarehne cara gesanging tiyang punika gegrombolan, mila tiyang punika mesti sesrawungan kaliyan tiyang sanes. Kajawi sesrawungan kaliyan tiyang sanes, tiyang punika ugi sesrawungan kaliyan barang-barang. Dados tiyang punika sesrawungan kaliyan tiyang sanes lan kaliyan barang-barang.

Sarehne tiyang punika gadhah pikiran, mila sakecaning tiyang wonten nggen sesrawungan, yen tiyang ngertos dhateng sesrawunganipun utawi lelawananipun. Yen ngertos dhateng lelawananipun, tiyang punika kraos sakeca, jalaran tindakipun leres, lan yen boten mangertos dhateng lelawananipun, tiyang punika kraos boten sakeca, jalaran tindakipun lepat. Dados sakeca utawi boten sakeca wonten nggen lelawanan, punika namung miturut ngertos utawi boten ngertosipun.

Filsafat Raos Gesang IV: Sesrawungan


Upami lelawanan kaliyan latu. Yen mangertos dhateng latu lan sawateg-wategipun, tiyang lajeng kraos sakeca lan merdika lelawananipun kaliyan latu, jalaran tindakipun lajeng leres. Tiyang lajeng boten tumindak sengaja nyepeng latu, jalaran latu dipun cepeng punika mlonyohaken tangan.

Yen dumadakan lan boten sengaja tiyang tumindak nyepeng latu lan lajeng tanganipun mlonyoh, tiyang raosipun inggih sakeca. Sakeca ing ngriki boten ateges sakeca anggenipun mlonyoh lan anggenipun mlonyoh raosipun inggih sakit, nanging sakeca tegesipun boten nglepataken latu. Dados mangertos punika murugaken merdika.

Mila tiyang punika saged masesa barang-barang ingkang sampun dipun mangertosi. Mangertos dhateng angin lan sawateg-wategipun, tiyang lajeng saged migunakaken angin wau dipun purih nglampahaken baitanipun lan sapanunggilanipun. Mila jinis manungsa punika kenging dipun wastani ngratoni jagad.

Makaten ugi lelawanan kaliyan tiyang sanes, tiyang anggenipun kraos sakeca, yen mangertos dhateng tiyang sanes. Murih mangertos dhateng tiyang sanes, tiyang punika langkung rumiyin kedah njawab dhateng pitakenan: "Tiyang punika punapa?" Tiyang punika barang ingkang wonten raosipun.

Mila kangge tiyang raos punika langkung penting. Malah barang-barang punika kangge nyakecakaken raosipun. Mila pokokipun tiyang punika raos.

Yen wonten wewujudan mbegogok mawa sirah, gembung, tangan, suku, kuping, irung lan sapanunggilanipun nanging yen tanpa raos, punika namanipun bathang. Sanajan raos-raosing tiyang punika kathah sanget, nanging raos-raos wau ingkang pokok kenging dipun perang. dados kalih perangan, inggih punika sakeca lan boten sakeca. Dados tiyang punika raos.

Dados murih sakeca lelawanipun kaliyan tiyang sanes, tiyang punika perlu sumerep raosipun tiyang sanes. Jalaran kajawi lelawanan prakawis barang-barang, tiyang kaliyan tiyang sanes punika ugi lelawanan prakawis raos. Yen boten sumerep raosipun tiyang sanes, tiyang lajeng boten sakeca lelawanipun kaliyan tiyang sanes.

Lelawanan boten sakeca punika awujud sulaya. Tiyang sulaya yen nggrombol-nggrombol, lajeng dados perang. Dados boten sumerep dhateng raosing sanes punika murugaken perang.

Perang punika wujudipun warni-warni. Bedhil-bedhilan punika perang, lan pisuh-pisuhan punika inggih perang, lan poyok-poyokan punika inggih perang, lan raos-raosan awon punika inggih perang, lan batin-batinan awon punika inggih perang. Dados perang punika boten namung bedhil-bedhilan.

Jalaran tiyang rak boten ujug-ujug bedhil-bedhilan. Saderengipun bedhil-bedhilan, tiyang rak pisuh-pisuhan langkung rumiyin. Dados pisuh-pisuhan punika inggih perang.

Tiyang punika rak boten ujug-ujug pisuh-pisuhan. Saderengipun pisuh-pisuhan, tiyang rak poyok-poyokan langkung rumiyin. Dados poyok-poyokan punika inggih perang. Tiyang punika rak boten ujug-ujug poyok-poyokan. Saderengipun poyok-poyokan, tiyang rak raos-raosan awon langkung rumiyin. Dados raos-raosan awon punika inggih perang.

Tiyang punika rak boten ujug-ujug raos-raosan awon. Saderengipun raos-raosan awon, tiyang rak batin-batinan awon langkung rumiyin. Dados batin-batinan awon punika inggih perang.

Dados bedhil-bedhilan punika namung megaripun batin-batinan awon. Tumpraping raos bedhil-bedhilan lan batin-batinan awon punika sami. Dados batin-batinan awon punika bedhil-bedhilan.

Kados makaten warni-warninipun wujuding perang utawi pasulayan. Perang punika lepat lan awon ingkang mutlak. Tegesipun sanajan mimpang utawi kawon, perang punika lepat lan awon.

Tiyang gesang punika butuh lestantun gesang. Mangka perang ingkang wujud bedhil-bedhilan, punika pejah-pinejahan. Mila perang punika cengkah kaliyan raos gesang utawi dosa dhateng raos gesang.

Yen dipun tlusur wonten ing raosipun piyambak, tiyang mesthi saged manggih yen awakipun piyambak anggenipun gesang punika rak -boten badhe perang. Ewa semanten perang punika kelampahan. Dados perang punika saking kebodhoan, jalaran tujuaning gesang boten kelampahan.

Kajawi dosa dhateng raos gesang, perang punika ugi dosa dhateng sesrawungan. Tujuaning sesrawungan punika sakeca sesarengan, mangka perang punika boten sakeca sesarengan. Dados perang punika dosa dhateng raos gesang lan dhateng sesrawungan.

Perang utawi pasulayan punika jalaran tiyang boten sumerep dhateng raosipun tiyang sanes ingkang dados lelawananipun. Yen tiyang punika nyumerepi raosing sanes, pasulayan utawi peperangan punika sirna. Dados mbrantas peperangan lan pasulayan punika sarana nyumerepi raosing sanes.

Kangge nyumerepi raosing sanes, punika wonten raosipun piyambak ingkang ngaling-alingi. Yen raos-raosipun piyambak ingkang dados aling-aling wau boten kasumerepan, tiyang boten saged sumerep raosing sanes. Dados murih nyumerepi raosing sanes, tiyang langkung rumiyin perlu nyumerepi raos-raosipun piyambak, ingkang dados aling-aling wau.

Nyumerepi raos-raosipun piyambak utawi awakipun piyambak punika namanipun pangawikan pribadi. Pribadi ing ngriki boten tages pribadi ingkang muluk-muluk, nanging pribadi awakipun piyambak, ingkang damelipun kraos punapa-punapa, kapengin punapa-punapa sarana pangawikan pribadi.

Filsafat Raos Gesang V: Pangawikan Pribadi

Tiyang anggenipun nyumerepi awakipun piyambak, punika wonten nggen lelawanan. Tiyang punika lelawanan kaliyan barang-barang, kaliyan tiyang sanes, lan kaliyan gagasanipun piyambak utawi raosipun piyambak. Tiyang punika mesti lelawanan lan tiyang kok boten lelawanan punika boten saged.

Tiyang anggenipun kraos wonten, punika wonten ing lelawanan. Jalaran raos wonten punika damelipun namung ngraosaken wontenipun punapa-punapa. Dados raos wonten punika lelawanan.

Lelawanan punika mesthi ngemot awakipun piyambak lan dede awakipun piyambak. Sarehne raos wonten punika lelawanan, mila saben tindak sejangkah, pangucap sakecap lan krenteg sakedhepan, punika mesthi lelawanan lan mesthi isi awakipun piyambak lan dede awakipun piyambak. Inggih wonten nggen tindakipun piyambak, pangucapipun piyambak lan krentegipun piyambak punika tiyang anggenipun nyumerepi awakipun piyambak.

Pangawikan Pribadi


Nyumerepi awakipun piyambak punika angel jalaran boten kulina. Tiyang punika pakulinanipun namung ngraosaken rika-rika lan boten ngraosaken awakipun piyambak. Mila yen ribed kaliyan bojonipun, tiyang adhakanipun namung ngraosaken bojonipun lan boten ngraosaken awakipun piyambak raosipun makaten: "Wah bojoku iku pijer ngene, ngono, ngene, ngono, dadi aku banjur cilaka."

Mila yen tiyang wau dipun takeni makaten: "Bener, bojomu ngene, ngono, ngene, ngono, nanging kowe dhewe kapriye!" tiyang wau kaget lan ngakeni, yen boten ngrembag awakipun piyambak, raosipun makaten: "Iya aku kok durung tau ngrembug awakku dhewe." Kados makaten ugi tiyang anggenipun boten ngraosaken awakipun piyambak utawi nyumerepi awakipun piyambak wonten nggen lelawanan kaliyan anakipun lan tangganipun. Kados makaten tiyang anggenipun boten kulina nyumerepi awakipun piyambak.

Jalaran lelawanan punika isi awakipun piyambak lan dede awakipun piyambak, mila wonten nggen lelawanan awakipun piyambak, punika dhawah methukaken. Yen lelawanan kaliyan barang, awakipun piyambak punika methukaken barang wau. Makaten ugi yen lelawanan kaliyan tiyang sanes lan kaliyan gagasanipun piyambak utawi raosipun piyambak, tiyang punika inggih methukaken tiyang sanes wau lan gagasanipun piyambak wau utawi raosipun piyambak wau.

Awakipun piyambak methukaken punika tegesipun awakipun piyambak kraos punapa-punapa wonten ing lelawanan wau. Yen ningali punapa-punapa utawi mireng punapa-punapa, awakipun piyambak rak kraos punapa-punapa. Inggih ingkang kraos punapa-punapa punika wau awakipun piyambak anggenipun methukaken punapa-punapa ingkang dipun tingali lan dipun mireng.

Makaten ugi yen pinanggih tiyang sanes, awakipun piyambak inggih kraos punapa-punapa. Inggih raos punapa-punapa wau awakipun piyambak anggenipun methukaken tiyang sanes.

Kados makaten awakipun piyambak anggenipun lelawanan lan methukaken punapa-punapa.

Ingkang langkung angel punika nyumerepi awakipun piyambak anggenipun methukaken wonten nggen lelawanan kaliyan gagasanipun piyambak utawi raosipun piyambak. Jalaran gagasan utawi raos wau boten kasatmata utawi boten kacepeng ing pancadriya. Mila gagasan utawi raos wau kados-kados awakipun piyambak.

Mila angel anggenipun nyumerepi awakipun piyambak anggenipun methukaken gagasanipun piyambak utawi raosipun piyambak, punika jalaran gagasanipun piyambak utawi raosipun piyambak kedah dados ingkang dipun sumerepi, nanging boten dados ingkang sumerep utawi ingkang masesa. Pakulinanipun tiyang, gagasanipun piyambak utawi raosipun piyambak punika dados ingkang masesa. Dados tukang masesa punika angel dipun wasesa.

Murih gampil ing ngriki perlu dipun princi lan dipun contoni kados pundi tiyang anggenipun methukaken lelawananipun. Raosipun piyambak, ingkang methukaken lelawananipun punika raos remen utawi sengitipun piyambak. Contonipun yen awakipun piyambak lelawanan kaliyan barang-barang.

Upaml awakipun piyambak sumerep lampu ingkang padhang, mangka butuh maos buku. Raosipun piyambak, ingkang methukaken lampu padhang wau, raos remenipun; jalaran lampu wau nyekapi butuhipun. Mila lampu padhang wau dipun wastani sae.

Yen awakipun piyambak badhe mapan tilem, raosipun piyambak ingkang methukaken lampu padhang wau, punika raos sengitipun, jalaran mblerengi, jalaran boten nyekapi butuh. Tiyang tilem punika boten butuh padhang. Dados lampu satunggal wau saged dipun pethukaken ngangge remenipun utawi sengitipun piyambak. Makaten ugi dhateng tiyang sanes, awakipun piyambak anggenipun methukaken inggih ngangge raos remenipun utawi sengitipun piyambak. Yen pinanggih kancanipun, awakipun piyambak methukaken ngangge remenipun lan yen pinanggih mengsahipun awakipun piyambak methukaken ngangge sengitipun. Malah tiyang satunggal kemawon asring dipun pethukaken ngangge remenipun lan gek ngangge sengitipun.

Inggih punika ingkang murugaken tiyang kerep tukaran kaliyan bojonipun. Tiyang dhateng bojonipun punika raosipun gek remen gek sengit, gek remen gek sengit. Mila kajawi dados kanca prakawis sanes-sanesipun bojo punika ugi kanca tukaran.

Ingkang langkung angel punika nyumerepi remen lan sengitipun piyambak, ingkang methukaken gagasanipun piyambak utawi raosipun piyambak. Jalaran kerep-kerepipun gagasan punika dados satunggal kaliyan remen utawi sengitipun. Mila gagasan kaliyan remen utawi sengit punika angel dipun pilahaken.

Upami gagasan jaelangkung, inggih punika kranjang ingkang dipun cemplungi sukmanipun tiyang pejah. Remen utawi sengit ingkang methukaken jaelangkung wau santun rupi dados pitados utawi boten pitados. Yen santunan rupi wau boten dipun sumerepi, tiyang boten mangertos, yen pitados utawi boten pitados punika remen utawi sengit.

Makaten ugi angel anggenipun nyumerepi remen lan sengitipun piyambak, ingkang methukaken dhateng raosipun piyambak. Upami tiyang methukaken raos nesunipun piyambak. Remen lan sangit wau, wonten nggen methukaken raos nesu, lajeng dados mbelani nesu lan ngampet nesu.

Dados nyumerepi awakipun piyambak wonten nggen lelawanan punika nyumerepi remen utawi sengitipun piyambak anggenipun methukaken lelawananipun. Yen boten sumerep remen utawi sengitipun piyambak, tiyang lajeng ribed lan yen lelawanan kaliyan tiyang sanes, ribed wau wujud sulaya. Upami tiyang mireng gamelan lan lajeng mireng musik.

Yen anggenipun methukaken dhateng gamelan ngange remenipun lan dhateng musik ngangge sengitipun lan yen remen lan sengit wau boten konangan, tiyang lajeng boten ngraosaken nikmat saking gendhing gamelan lan musik wau, nanging namung ngraosaken nikmat saking apalanipun gendhing. Kanikmatan kados makaten punika kanikmatan ingkang saking pakaremanipun kelampahan, inggih punika kanikmataning niaga lan dede kanikmataning seniman ingkang awakipun piyambak ical wonten ing gendhing. Yen remen lan sengitipun piyambak boten konangan, tiyang lajeng kaseret utawi kaglandhang dening remen lan sengitipun piyambak. Tiyang remen gamelan lajeng sulaya kaliyan tiyang remen musik. Malah-malah remen lan sengit wau ngglandhang dhateng tiyang, ajak-ajak sulaya sesarengan.

Dene anggenipun ngonangi remenipun piyambak dhateng gamelan punika raosipun makaten: "Aku iki arep ngrasakake nikmating gendhing, teka aku dhemen menyang gamelan, dadi aku banjur ora bisa ngrasakake nikmating gendhing." Yen konangan kados makaten, remenipun piyambak wau sirna, ingkang tegesipun remen wau boten ngaling-alingi malih kangge ngraosaken nikmating gendhing. Tiyang lajeng mangertos, yen nikmating gendhing punika boten kakikisan dening gamelan lan musik.

Makaten ugi anggenipun ngonangi sengitipun piyambak dhateng musik punika raosipun makaten: "Aku sengit nyang musik iku rak mung jalaran aku ora apal, dadi aku njur ora bisa ngetutake gendhing. Dadi aku ora nedya ngrasakake nikmating gendhing, nanging mung nedya ngetutake gendhing.'' Yen konangan kados makaten, sengitipun piyambak wau sirna, ingkang tegesipun sengit wau boten ngaling-alingi kangge ngraosaken nikmating gendhing. Dados remen salah satunggal gamelan utawi musik, utawi sengit salah satunggal punika pakareman.

Kados makaten tiyang anggenipun ngonangi remen lan sengitipun piyambak. Yen lelawanan kaliyan tiyang sanes, tiyang anggenipun methukaken ugi ngangge remen utawi sengitipun. Yen boten ngonangi remen lan sengitipun piyambak, tiyang lajeng kaglandhang dening remen lan sengitipun piyambak, lan lajeng sulaya kaliyan tiyang lelawananipun.

Upami awakipun piyambak mireng kabar, yen wonten tiyang jaler tumandang wayuh. Yen sengitipun piyambak ingkang methukaken kabar wayuh wau, tiyang lajeng moyoki lan raosipun makaten: "Wong lanang wayuh iku rak ora ngoman-omani kancane." Lan yen remenipun piyambak ingkang methukaken kabar wayuh wau, tiyang lajeng mbelani lan raosipun makaten: "La wong sing wayuh iya gelem lan sing diwayuh iya gelem, teka wong wayuh dimunasika." Yen boten konangan, remen lan sangitipun piyambak wau boten namung murugaken mbelani lan moyoki, nanging ugi murugaken dhateng tiyang lajeng ajak-ajak tiyang sanes dipun ajak remen utawi sengit sesarengan.

Lajeng wonten grombolan mbelani wayuh lan grombolan sengit wayuh. Grombolan mbelani wayuh lan sengit wayuh wau lajeng memengsahan. Grombolan memengsahan wau kamajenganipun dados perang bedhil-bedhilan.

Yen remen utawi sengitipun piyambak punika konangan, tiyang lajeng sumerep raosipun tiyang tumandang wayuh wau ingkang sami pleg kaliyan raosipun piyambak. Dene anggenipun ngonangi sengitipun piyambak makaten: "Aku iki arep weruh rasane wong tumandang wayuh, nanging aku sengit menyang tindak wayuh, mula aku banjur ora weruh rasaning wong tumandang wayuh, jalaran sengit iku ngaling-alingi weruh." Yen konangan kados makaten, lajeng sengitipun piyambak wau sirna, tegesipun boten ngaling-alingi malih, lan tiyang lajeng sumerep raosipun tiyang tumindak wayuh wau, ingkang sami pleg kaliyan raosipun piyambak.

Dene anggenipun ngonangi remenipun piyambak makaten: "Aku iki arep weruh rasane wong tumandang wayuh, nanging aku kok dhemen lan mbelani menyang tindak wayuh, mula aku banjur ora weruh rasane wong turnandang wayuh, jalaran dhemen iku ngaling-alingi weruh." Yen konangan kados makaten, lajeng remenipun piyambak wau sirna, tegesipun boten ngaling-alingi malih. Yen remen lan sengit punika sirna, tiyang lajeng sumerep raosipun tiyang tumandang wayuh wau, ingkang sami pleg kaliyan raosipun piyambak.

Tiyang tumindak punapa-punapa punika mesthi jalaran kadhorong dening raosipun. Tiyang tumindak pados omben-omben punika jalaran kadhorong dening raos ngelak, lan tiyang tumandang mapan tilem punika kadhorong dening raos ngantuk. Dados tiyang tumindak wayuh punika kadhorong dening raos kepengin ngraosaken sanesipun bojonipun.

Yen sampun sumerep raosipun tiyang tumandang wayuh wau, tiyang lajeng saged nliti awakipun piyambak sarana pitakenan makaten. "Apa aku uga kepengin ngrasakake liyane bojoku? " Yen badhe jawab pitakenan wau, tiyang asring kraos isin, jalaran tiyang gadhah pamanggih, yen penginan kados makaten punika awon lan ingkang kepengin kados makaten punika namung awakipun piyambak lan tiyang sanes sawatawis. Mila anggenipun nliti awakipun piyambak saged dipun wiwiti saking katebihan makaten.

Tiyang jaler, sanajan sampun sepuh sanget, yen sumerep tiyang ayu, punika mesthi kraos remen. Raos remen wau yen dipun onceki, punika isi kepengin, mangka tiyang ayu wau dede bojonipun. Dados tiyang wau inggih kepengin ngraosaken sanesipun bojonipun. Kados makaten tiyang estri, sanajan sampun sepuh sanget, yen sumerep tiyang bagus, punika mesthi kraos remen. Raos remen wau, yen dipun onceki, punika isi kepengin, mangka tiyang bagus wau dede bojonipun. Dados tiyang wau inggih kepengin ngraosaken sanesipun bojonipun.

Dados awakipun piyambak punika inggih kepengin ngraosaken sanesipun bojonipun lan tiyang sadaya inggih kepengin ngraosaken sanesipun bojonipun. Dene yen raos kepengin wau boten lair dados tindak, punika namung jalaran saking kawontenan, upami kawontenan mlarat, ajrih dhateng anak-anakipun lan sapanunggilanipun. Dados raos wayuh punika sami.

Yen sumerep raosipun tiyang sanes, ingkang tumandang wayuh wau, ingkang sami pleg kaliyan raosipun piyambak, tiyang lajeng kraos dhame kaliyan tiyang sanes wau. Raos dhame punika boten remen lan boten sengit, boten ngalem lan boten nacad, inggih punika boten sulaya. Dhame wau raosipun sami kaliyan dhame kaliyan srengenge anggenipun mlethek saking wetan.

Makaten ugi yen lelawanan kaliyan raosipun piyambak, tiyang punika anggenipun methukaken inggih sarana remen utawi sengitipun piyambak. Upami tiyang lelawanan kaliyan nesunipun piyambak. Yen ingkang methukaken dhateng nesunipun piyambak punika sengitipun, tiyang lajeng ngampet nesu lan boten sumerep tegesipun nesunipun piyambak.

Ngampet nesu punika raosipun makaten: "Yen nesuku iki lair dadi lelakon, wohe bakal ora kepenak." Ngampet nesu punika tegesipun nggayuh sabar. Yen sengitipun piyambak boten konangan, tiyang lajeng kaglandhang dening sengitipun piyambak, ingkang lajeng mahanani perang batin, inggih punika perangipun raos nesu mengsah gegayuhan sabar.

Makaten ugi yen ingkang methukaken nesunipun piyambak punika remenipun, tiyang lajeng mbelani nesunipun lan raosipun makaten: "Yen ora nesu, aku bakal lestari dikul wae." Tiyang inggih lajeng boten sumerep dhateng tegesing nesunipun piyambak. Yen ngonangi sengitipun lan remenipun piyambak, tiyang lajeng sumerep tegesipun nesunipun piyambak.

Ngampet nesu punika raosipun makaten: "Yen nesuku iki lair dadi lelakon, wohe bakal ora kepenak." Ngampet nesu punika tegesipun nggayuh sabar. Yen sengitipun piyambak boten konangan, tiyang lajeng kaglandhang dening sengitipun piyambak, ingkang lajeng mahanani perang batin, inggih punika perangipun raos nesu mengsah gegayuhan sabar. Makaten ugi yen ingkang methukaken nesunipun piyambak punika remenipun, tiyang lajeng mbelani nesunipun lan raosipun makaten: "Yen ora nesu, aku bakal lestari dikul wae." Tiyang inggih lajeng boten sumerep dhateng tegesing nesunipun piyambak. Yen ngonangi sengitipun lan remenipun piyambak, tiyang lajeng sumerep tegesipun nesunipun piyambak.

Dene anggenipun ngonangi sengitipun piyambak dhateng nesunipun piyambak punika makaten: "Aku iki arep weruh tegese nesuku dhewe, teka aku sengit, dadi aku iya ora weruh nyang tegese nesuku." Yen konangan kados makaten, sengitipun piyambak wau sirna, ingkang tegesipun boten ngaling-alingi malih. Makaten ugi yen remenipun piyambak konangan.

Dene anggenipun ngonangi remenipun dhateng nesunipun piyambak makaten: "Aku iki arep weruh nesuku dhewe, teka aku dhemen, dadi aku iya ora weruh nyang tegese nesuku dewe." Yen konangan kados makaten, remenipun piyambak wau sirna, ingkang tegesipun boten ngaling-alingi malih. Kados makaten tiyang anggenipun ngonangi remen lan sengitipun piyambak dhateng nesunipun piyambak.

Yen remen lan sengitipun piyambak sampun konangan, tiyang lajeng sumerep tegesipun nesunipun piyambak. Nesu punika tegesipun mbelani kapentinganipun piyambak. Mila yen kapentinganipun dipun ganggu dening tiyang sanes, tiyang lajeng nesu.

Kapentinganipun tiyang punika wujudipun warni-warni, kadosta, raja darbe, kahormatan, panguwasa, kulawarga, grombolan, bangsa, jinis, ilmu kebatinan, kasagedan, kawruh barang dumadi lan sapanunggilanipun. Tiyang satunggal-satunggal anggenipun ngregeni kapentingan-kapentinganipun piyambak, punika beda-beda. Wonten salah satunggaling kapentingan ingkang dipun regeni langkung inggil tinimbang sanesipun.

Dados kapentingan punika wonten ingkang dipun anggep inggil piyambak utawi angka satunggal, angka kalih lan salajengipun. Panganggep andhap utawi inggiling panganggep regi punika mahanani drajating nesu, entheng utawi awrat. Mila yen tiyang dipun ganggu kapentinganipun ingkang angka satunggal, tiyang lajeng nesu sanget, tegesipun drajatipun nesu awrat.

Yen remen lan sengitipun piyambak wonten nggen lelawananipun kaliyan raosipun piyambak tansah konangan, tiyang lajeng saged nyinau kapentingan-kepentinganipun piyambak inggih punika pangawikan pribadi. Yen pangawikan pribadi punika saya lebet lan saya wiyar, tiyang lajeng mangertos, yen kapentingan-kapentingan wau dhedhasaripun klentu. Inggih klentunipun dhasar punika ingkang murugaken lelawanan boten sekeca.

Kapentingan raja darbe yen klentu, punika lajeng dados srakah. Mangka raja darbe punika paedahipun namung kangge prabot nyekapi butuhing gesang. Dados srakah punika migunakaken raja darbe, ingkang salah kedaden.

Kapentingan kahormatan, yen klentu, punika lajeng dados pados dipun hormati. Mangka nikmat punika hormat, sanajan hormat punika saking awakipun piyambak dhateng tiyang sanes utawi saking tiyang sanes dhateng awakipun piyambak. Dados pados dipun hormati punika migunakaken kahormatan ingkang salah kedaden.

Kapentingan panguwasa, yen lepat, punika lajeng dados pados nguwasani tiyang sanes. Mangka kuwasa utawi dipun gega punika jalaran nyekecakaken tiyang sanes. Dados pados nguwasani tiyang sanes tanpa nyakecakaken tiyang sanes, punika migunakaken panguwasa ingkang salah kedaden.

Kados makaten salajengipun anggenipun nyumerepi kapentingan-kapentinganipun piyambak, ingkang salah kedaden. Yen dipun sumerepi, kapentingan ingkang salah kedaden wau lajeng leres. Kados makaten paedahipun nyumerepi remen lan sengitipun piyambak.

Kados makaten yen remen lan sengitipun piyambak dipun sumerepi, tiyang lajeng kraos sakeca lelawananipun kaliyan barang-barang, kaliyan tiyang sanes, lan kaliyan raosipun piyambak. Sumerep remen lan sengitipun piyambak punika namanipun pangawikan pribadi. Dados pangawikan pribadi punika sarat sakecanipun sesrawungan.

== tamat ==

Ki Ageng Suryomentaram